Atur Pambuka Panata Cara
Pasrah Panampining Lamaran
Bismillah
hirrohman nirrohim
Assalamu’alaikum
Wr.Wb.
Panjenenganipun
para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng
pepayoning kautaman, ingkang pantes pinundhi, para duta saraya saking kadang
besan sutresna ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putrid, kadang
wredha mudha ingkang winantu suka basuki..
Mradapa keparengipun Bp. …………………… sekalihan sumrambah para
kulawangsa ing kelenggahan punika, kula piniji pinangka pambicara wontenipun
upacara pasrah panampining upakarti miwah lamaran pinangka jejangkeping tata
cara salaki rabi.
Namung sakderengipun kula ngaturaken urut reroncening adi
cara ingkang sampun karakit dening para kulawarga, cundhuk kalihan kuncaraning
bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila, sumangga nun kula dherekaken
ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, karana
ageng barokah saha rohmat ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan
sadaya dalasan kula.
Sinawung raos syukur ing ngajeng, mugi lampahing adi cara
pasrah panampi lamaran saha upakarti pinangka jejangkeping pala karma tansah
pinaringan rahayu tebih ing sambekala.
Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan,
keparenga panata cara murwani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka
lampahing adi cara ingkang rinamtam para kulawangsa.
Nun inggih :
Tinarbuka
atur pambagyaharjo saking ingkang hamengku gati dening tetuwangga ingkang
sampun paniji.
Atur
panampi dening tetuwangga ingkang pinangka sulih saliranipun Bp. ……………… ingkang
mengku gati. Kaleksananing adi cara liru kalpika (menawi wonten). Tanggap
wacana sawatawis saking pinisepuh pinangka tumuju dhumateng kasaenan (menawi
wonten).
Paripurnaning
sedya hambok bilih ing mangke wonten pratandha saking kulawarga minangka paran
para.
Mekaten
para tamu saha para lenggah urut reroncening tata adi cara pasarah lamaran
ingkang sinanggit dening para kulawarga, kasuwun wontena suka lilaning
penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi purnaning gati.